Sabtu, 21 Juli 2012

Sholawat Jowo

Sholi wasallimda iman ‘alamada
Sholi wasallimda iman ‘alamada
Wal ali wal asha biman qodwahada
Wal ali wal asha biman qodwahada
Ojo dumeh ayu banjur do kemayu
Ojo dumeh ayu banjur do kemayu
Elingo tuamu, ompong peyot ra payu
Ayu yen ra mituhu, besok bakal dibendu
Ojo dumeh bagus banjur do gumagus
Ojo dumeh bagus banjur do gumagus
Bagus yen ora adus, ambune koyo wedus
Bagus yen ora shalat matine bakal dilaknat
Ojo dumeh pinter, banjur do keminter
Ojo dumeh pinter, banjur do keminter
Pinter yen ora bener uripe bakal keblinger
Pinter yen ora bener uripe bakal keblinger
Ojo dumeh gagah banjur kakean polah
Ojo dumeh gagah banjur kakean polah
Gagah ora ngibadah uripe bakal susah
Gagah ora ngibadah uripe bakal susah
Ojo dumeh sugih banjur do sumugih
Ojo dumeh sugih banjur do sumugih
Bondho iku mung nyilih, besok bakale mulih
Bondho iku mung nyilih, besok bakale mulih
Ojo dumeh bagus, banjur do gumagus
Nabi Yusuf bagus nindakke sembahyang
Nabi Yusuf bagus nindakke sembahyang
Ojo dumeh ayu banjur do kemayu
Siti Fatimah ayu wes nglakoni sembahyang
Siti Fatimah ayu wes nglakoni sembahyang
Eman temen wong sugih, ora sembahyang
Nabi sulaiman sugih, wes nglakoni sembahyang
Nabi sulaiman sugih, wes nglakoni sembahyang
Ojo dumeh kere, banjur ora sembahyang
Ojo dumeh kere, banjur ora sembahyang
Nabi Ayyub kere wes nindakke sembahyang
Nabi Ayyub kere wes nindakke sembahyang

Yup! Pembaca semuanya, itulah syair jawa spektakuler,
haha.
Begitulah hidup di dunia.
Secantik-cantiknya kita, masih jauh cantik Siti Fatimah,
sembahyang pula.
Seganteng-gantengnya kita masih jauh ganteng Nabi
Yusuf, sembahyang pula.
Sekaya-kayanya kita, masih jauh kaya Nabi Sulaiman,
sembahyanng pula.
Semiskin-miskinnya kita, masih jauh miskin Nabi Ayyub,
sembahyang pula.
Bagaimana dengan kita?


Jumat, 20 Juli 2012

Pitutur Boso Jowo

Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen
sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan
pangkat, aja banjur rumangsa, “sapa sira sapa ingsun”,
tansah ngendelake panguwasane. Tumindak degsura
marang sapadha-padha. Elinga yen bandha iku gampang
ilang muspra lan pangkat iku sawayah-wayah bisa oncat..!
Keadaan dunia ini tidak abadi, senantiasa berubah-
ubah setiap waktu. Kalau kebetulan kita memiliki
harta dan diberkahi pangkat, jangan lantas merasa,
“siapa saya, siapa Anda?”, yg selalu mengandalkan
kekuasaannya untuk bertindak sombong kepada orang
lain. Ingat..! bahwa harta itu mudah sekali lenyap dan
pangkat itu sewaktu-waktu bisa lepas..!
Saiba-becike samangsa wong kang lagi kasinungan
kabegjan lan nampa kabungahan iku yo kudu tansah eling,
gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga
yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi
watak jubriya, uga mletikake rasa rumangsa yen wong
dilairake ing donya iku sejatine yo mung dadi lelantaran
melu urun-urun tetulung marang sapadha-padhane titah,
mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa, hayuning
jagad.
Memang sudah sepantasnya kalau orang yg sedang
mendapatkan keberuntungan dan mendapatkan
kebahagiaan itu harus selalu ingat dan banyak-banyak
berucap syukur kepada Tuhan. Sebab perlu diketahui
bahwa berlaku seperti itu tadi, selain bisa
menghilangkan sifat besar kepala, juga bisa membuat
kita sadar bahwa manusia dilahirkan di dunia itu,
sebenarnya hanya untuk menjadi perantara, saling
tolong-menolong kepada sesama makhluk ciptaan-
Nya, mengurangi kesengsaraan, mengagungkan,
merawat dan memelihara perdamaian dunia.
Ing samubarang gawe ojo sok wani mestek ake, awit akeh
lelakon kang kebak sambekalane sing ora biso dinuga
tumibane.
Dalam hal apapun jangan terlalu berani untuk
memastikan, karena banyak kejadian yg sarat dengan
berbagai rintangan yg tak dapat kita duga kapan akan
terjadi.
Jer koyo unine pepenget, “Menowo manungsa iku yo
pancen kudu tansah iktiyar, nanging papestene tetep
dumunung ono ing asta-Ne Pangeran Kang Maha Wikan”.
Mulo ora sak mesthine yen manungso iku nyumurupi bab-
bab sing durung mesti kelakon. Sak umpomo
nyumurupono, prayoga ojo diblak-blak ake marang wong
liyo, awit temahane hamung bakal murihake blai.
Sebagaimana bunyi sebuah kata peringatan bahwa
“Manusia itu memang harus selalu berusaha, tapi
kepastiannya tetap hanya ada di tangan Allah Yang
Maha Tahu”. Jadi tidak semestinya kalau manusia itu
mengetahui hal-hal yg belum tentu terjadi. Kalaupun
dapat (kesempatan) untuk mengetahuinya, sebaiknya
jangan diberitahukan secara jelas dan gamblang
kepada orang lain, sebab ketika digunakan untuk
keperluan yg tidak baik, justru hal itu akan
membuatnya celaka.
“Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine
bebasan, “sabar iku kuncining swarga,” ateges marganing
kamulyan.
Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran
itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam
sebuah kehidupan, sama seperti bunyi sebuah
peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama”
untuk mendapatkan “surga”yang berarti ketentraman
dan kedamaian dalam menjalani kehidupan.
Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan
pandhadharaning ngaurip, nanging ora ateges gampang
pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak
pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar
ing salumahe jagad iki.
Sabar itu merupakan sebuah kemampuan untuk
menahan segala macam godaan dalam hidup, yg
tentunya nanti bisa untuk mendewasakan diri kita
masing-masing, namun bukan berarti lalu kita mudah
kehilangan pengharapan. Sebaliknya kita harus
menjalaninya dengan penuh pengharapan dan seolah-
olah mampu untuk mendapatakan apa saja yg ada di
dunia ini. (Tentunya dengan disertai rasa mawas diri
dan kepasrahan).


Kamis, 19 Juli 2012

Kocap Carito Sejarah Ponorogo (jowo)

Wektu iku malem Akad Legi jam songonan bengi, koyo
biasane aku ndayoh nggone Mbah Warsito saperlu nompo
wejangan, konon Mbah Warsito iku salah sijine keturunan
warok murite Ki Ageng Kutu.
Dikancani wedang kopi sak ceret, kacang goreng sak pireng,
lan ora lali aku yo ngedukne rokok sampoerna ijo rong
bungkus klangenane Mbah Warsito dorongan neng amben
ing ngarep omah bengi iku Mbah Warsito ndongeng
“Lhe…” Panggilan khas wong jowotenan nyeluk putune.
“ngerti ra we nyapo kabupaten iki jenenge Ponorogo?”
“Mboten mbah…”jawabku merendah, supoyo Mbah
Warsito gelem cerito sejarahe Ponorogo.
“Lho…piye to kowe ki jare wong Ponorogo tapi kok gak
ngerti piye ceritane.”
Ndudut seuthil sampoerna songko bungkus, koyo anak
buah sing setia marang bose korek tak sumet tak slomotne
rokok sing diemut Mbah Warsito, disedot jeru banget
banjur buleg metu songko bolongan irunge, Mbah warsito
ngawiti ceritane.
“Dadi menungso iku kudu anduweni batin sing kuat, biso
moco kahanan urip, nek perlu ndue roso cipto sukmo
pramono manunggaling kawulo Gusti melihat dengan mata
Alloh, ngerti sakdurunge winarah. Pono iku yo pramono
maksude anduweni kekuatan bathin sing biso moco
kahanan jaman, nduweni pemikiran intelektual, miker
kahanan ora mung ngangge ilmu dunia tapi mikire
ngangge ilmu akherat.” cingker tak isi wedang kopi songko
ceret tak cedakne Mbah Warsito banjur di sruput.
“Rogo yo kudu podo kuate koyo jiwo, Meskipun ora
nduweni ilmune Gathutkoco sing otot kawat balung wesi
ora tedas tapak palune pande tapi rogo yo kudu kuat
nyonggo abote ilmu sing di songgo jiwo, ngrokok kok
dilarang diharamke ngetok-ngetok’i nek gak siap gak wani
mati iku, rogone gak kuat iku opo maneh jiwone.” Mbah
Warsito nyruput maneh wedange banjur rokok’e disedot
sak jeru-jerune sampek ngebak’i paru-parune, seolah-olah
ndudoi aku yen ngrokok iku ora ono hubungane karo
kematian, buktine kawit umur 10 taun Mbah Warsito wis
iso ngrokok, sampek saiki iseh tetep ngrokok ora pernah
terkena penyakit opo-opo, aku nglirik bungkus rokok aku
lagek sadar ternyata tulisan sing ono ing tiap bungkus
rokok iku ternyata salah, Lha buktine Mbah Warsito sing
hampir 70 tahun ngrokok biso nduwe anak 7, bukti nek
beliau ora impotensi kan?
“Jaman biyen,” Mbah Warsito nerusake ceritane ” Ono
kerajaan sing diwastani Wengker, Wengker iku asale
songko kata Wono kang Angker artine alas sing wingit
amargo rojone Wengker iku demit sekti sing jenenge
Darmowati anak turune Prabu Boko rojone demit ing
tanah Jowo. Rojo Wengker nduweni 3 pengikut menungso
sing sekti mondroguno. Banjur 3 pengikute iku metu
songko alas wengker banjur nggawe padepokan ing Bantar
yoiku tanah ombo sing ono mung suket gajah tok, Angin
sumilir tampo wates mongko padepokan iku dijenengi
Bantar Angin. Suatu saat ono pendekar kesasar jenenge
Panji banjur mbeguru ing Banatar Angin amergo Panji
bocah sing seneng berkelana sampek kesasar mulane
gurune aweh jeneng Panji Klono, Amergo wis tuwo 3
pendiri Bantar Angin nyepi meninggalkan padepokan yoiku
Raden Mas Jin Jami Jaya semedi ing Gunung Semeru,
Raden Panji Nilosuwarno menyang Jolotundo Blitar, Lan Ki
Gedug Padang Ati menyang Gunung Bromo. mongko
Bantar Angin dipasrahake Panji Klono.” Mbah Warsito
nyecek rokok’e, nyruput kopi banjur nerusake cerito
“Panji Klono sing hobine mancing budal menyang telogo
Ngebel, ing ndalan ketemu Pujonggo Anom Ketut
Suryongalam nantang gelut, naliko Panji Klono meh
menang muncul Joyo Dipo yoiku Sunan Lawu Browijoyo
adalah putrane Prabu Browijoyo V sing nggawe padepokan
ing Gunung Lawu, maksude arep misah Sunan lawu malah
dikeroyok Panji Klono lan Suryongalam, tapi Sunan Lawu
sing menang mongko Panji Klono lan Suryongalam
mbeguru marang Sunan Lawu. Panji Klono diwarisi gaman
Pecut Samandiman, lan Suryongalam diwei ajian landak
putih.
Naliko wes lulus songko Lawu Panji Klono muleh menyang
Bantar Angin lan ngedekne Kerajaan Bantar Angin, Panji
Klono ganti jeneng lan bergelar Raden Klono Sewandono,
Sewandono iku songko tembung Siswo Handono artine
murid sing kendel ora nduweni roso wedi.
Disambi nglethik kacang goreng, lan Mbah Warsito nyumet
rokok maneh banjur nerusake cerito.
“Pujonggo Anom Ketut Suryongalam asline wong bali kang
dadi punggawane Mojopahit ing jamane Prabu Brawijaya
V , Pendekar Mojopahit sing mbalelo minggat menyang
Bantar Angin lan kondang kanthi jeneng Ki Ageng Kutu
ngedekne padepokan silat, murit-murite dijuluki Warok
artine wong kang wes sempurno ilmune, biso dadi
petunjuk hidup, menep ing roso lan napsu. Ora mung
ampuh kanuragane nanging ampuh ugo ilmu batine. poro
warok sing wes lulus songko padepokane Ki Ageng Kutu
akeh sing gabung dadi prajurit Bantar Angin. Ki Ageng Kutu
dewe diangkat dadi patih Bantar Angin hajejuluk Patih
Bujang Ganong.
“Dadi rojo wes mulyo tapi durung nduwe bojo Klono
Sewandono kesepian, krungu ono Putri Rojo Kediri sing
kondang ayu pasuryane ibarat iso nyonggo langit Klono
Sewandono budal nglamar dibaturi Bujang Ganong lan
dikawal poro warok. teko kediri ternyata wes ono
saingane, yoiku Prabu Singo Barong kang sekti mondrogno
tapi sayang rambute akeh tumone jarang kramas mergo
jaman iku durung ono sampo, alternatipe Singo Barong
nyolong merak ing Bantar Angin daerah iku akhire
dijenengke “Mlarak” songko tembung Maling Merak,
merak-merak iki biasane golek pangan teko siseh lor lan
kipunan ing kono mongko daerah iku diwastani Kaponan ,
bekase kipu merak iki soyo suwe soyo jeru lan dadi mbeji
mongko terciptalah Mbeji Kaponan . Manuk merak sing
dicolong Singo Barong iku di ingu lan digowo menyang
ngendi wae saperlu nuthuli tumo ing ndase Singo Barong,
Simbiosis mutualismelah jare buguru.
Keputusan akhire dienekne perang tanding Klono
Sewandono Vs Singo Barong, sopo sing menang entuk
ngawini Dewi Ragil kuning kang hajejuluk Dyah Ayu Dewi
Songgo Langit
Pendekar ngendi wae ora ono sing wani nglawan Singo
Barong, nanging Klono Sewandono ora wedi, Naliko arep
maju ing medan arena Klono Sewandono dicegah Bujang
Ganong, tak aku wae sing nglawan Singo iki, Akhire
pertarungan diganti Singo Barong Vs Bujang ganong. Singo
Barong kalah mongko bolo-balane ngamuk, nanging biso
diatasi dening poro Warok.
Diboyonglah Dewi Songgolangit menyang Kauman,
Sumoroto pusate kerajaan Bantar Angin, Kyai Tunggul
Naga yoiku pusoko wujute tombak konon di boyong Bujang
Ganong songko tuban yoiku pusakane Ronggolawe
didadeake pusoko simbol Kerajaan Bantar Angin, Pengaruh
Bujang Ganong ing Bantar Angin kuat banget ngluwihi
rojone dewe, sebab Bujang Ganong sing Asline Ki Ageng
Kutu yoiku mantan punggowo Mojopahit iseh nyimpen
dendam marang Prabu Browijoyo V sing dianggep ora
becus ngatasi kerajaan, poro warok sing soyo suwe soyo
akeh lan tambah sekti lan sikape Ki Ageng Kutu sing musui
Mojopahit semakin mengkhawatirkan pihak Mojopahit,
mongko diutuslah Sunan Klijogo lan Ki Ageng Mirah
suponyo nyelidiki keadaan Bantar Angin. Sunan Kali Jogo
menyimpulkan tokoh Ponorogo sing paling berpengaruh
memang bener yoiku Ki Ageng Kutu mongko diutuslah
putrane Prabu Browijoyo V yoiku Lembu Kanigoro supoyo
nyekel Ki Ageng Kutu.
Lembu Kanigoro bergelar Raden Katong nggowo murite
Selo Aji lan 40 santri budal menyang Bantar Angin. teko
daerah Plampitan, Kelurahan Setono, Kecamatan Jenangan
(saiki) Raden katong nggawe padepokan, lan mulai nyerang
Ki Ageng Kutu tapi ora biso dikalahake, sebab selain
nduweni gaman Koro Welang, Jabardas, lan Condong Rawe
sing konon yen keris luk 13 iku di cabut songko rongkone
mongko musue bakal keroken gatelen ora mari-mari ugo Ki
Ageng Kutu wes pernah mbeguru marang Sunan Lawu
Joyo Dipo yang tidak lain adalah saudara Raden Katong
dewe.”
Mbah Warsito mandek sedelo nyecek rokok, banjur
nyumet maneh aku yo semono ugo wedang kopi sing wes
adem tetep seger disruput Mbah Warsito, aku wis ora
sabar kepengen ngerti kelanjutan critane,”gek terus pripun
mbah carane Raden Katong ngalahake Ki Ageng Kutu,”
Seolah-olah berat rasane nyritakne kakalahan kakek
moyange, Mbah Warsito nyedot sampoernane sui banget
banjur ngempos lan mulai ndongeng maneh. “Ki Ageng
Kutu nduweni anak wadon jenenge Niken Gandini
dimanfaatne Raden katong dirayu bakal didadek’ake bojo
yen iso njupuk keris Cendong Rawe lan Keris Jabardas,
sawise berhasil ngrebut keris iku Raden Katong nyerbu Ki
Ageng Kutu ing Wringin Anom (sambit) Patih Selo Aji lan Ki
Ageng Mirah terus mburu Ki Ageng Kutu sampek ilang ing
Gunung Dloko (Bungkal). Ki Ageng Kutu mati opo urip teko
saiki ora ono sing ngerti.
Sawise iku Raden Katong ngumpulake rakyat lan
mengambil alih kekuasaan Bantar Angin, Rakyat Bantar
Angin di bujuk supoyo manut mongko dewek’e ganti
jeneng dadi Sri Bathoro Katong, Bathoro artine manusia
setengah dewa. lan Bantar Angin di ganti jeneng maleh
Ponorogo, artine yoiku handuweni ilmu lahir lan batin kang
sampurno.
Sri Bathoro Katong biso menaklukkan Bantar Angin
nanging naliko babat alas Wengker dedemit ing kono
ngamuk mongko Wali Songlah sing ngatasi, sahinggo
sukseslah Bathoro katong mendirikan Kadipaten Ponorogo
dibawah kekuasaan Mojopahit.
Ki Ageng Kutu nduweni anak 3, Niken Gandini didadekne
permaisurine Bathoro Katong , Suromenggolo diangkat
murid, lan Surohandoko didadeake demang ing Ngampel.”


Kata Bijak Wali Songo

kata
mutiara indah jawa Wali Songo yang merupakan cara
para Wali songo untuk berdakwah dengan semboyan dan
kata-kata mutiara indah dalam bahasa jawa yang di
sertakan pula dengan Artinya dengan pemahaman bahasa
yang mudah di cerna atau mudah di mengerti
1. Ngluruk Tanpo Wadyo Bolo / Tanpo pasukan
Berdakwah dan berkeliling kedaerah lain tanpa membawa
pasukan.
2. Mabur Tanpo Lar/Terbang tanpa Sayap
Pergi kedaerah nan jauh walaupun tanpa sebab yang
nampak.
3. Mletik Tanpo Sutang/Meloncat Tanpa Kaki
Pergi kedaerah yang sulit dijangkau seperti gunung-
gunung juga tanpa sebab yang kelihatan.
4. Senjoto Kalimosodo
Kemana-mana hanya membawa kebesaran Allah SWT.
(Kalimosodo : Kalimat Shahadat)
5. Digdoyo Tanpo Aji
Walaupun dimarahi, diusir, dicaci maki bahkan dilukai fisik
dan mentalnya namun mereka seakan-akan orang yang
tidak mempan diterjang bermacam-macam senjata.
6. Perang Tanpo tanding
Dalam memerangi nafsunya sendiri dan mengajak orang
lain supaya memerangi nafsunya. Tidak pernah berdebat,
bertengkar atau tidak ada yang menandingi cara kerja dan
hasil kerja daripada mereka ini.
7. Menang Tanpo Ngesorake/Merendahkan
Mereka ini walaupun dengan orang yang senang,
membenci, mencibir, dan lain-lain akan tetap mengajak
dan akhirnya yang diajak bisa mengikuti usaha agama dan
tidak merendahkan, mengkritik dan membanding-
bandingkan, mencela orang lain bahkan tetap melihat
kebaikannya.
8. Mulyo Tanpo Punggowo
Dimulyakan, disambut, dihargai, diberi hadiah,
diperhatikan, walaupun mereka sebelumnya bukan orang
alim ulama, bukan pejabat, bukan sarjana ahli tetapi da’I
yang menjadikan dakwah maksud dan tujuan.
9. Sugih Tanpo Bondo
Mereka akan merasa kaya dalam hatinya. Keinginan bisa
kesampaian terutama keinginan menghidupkan sunnah
Nabi, bisa terbang kesana kemari dan keliling dunia
melebihi orang terkaya didunia.
Kata-kata mutiara atau Semboyan seperti diatas sudah
banyak dilupakan umat islam masa kini. Pesan Walisongo
diantaranya pesan Sunan kalijogo diantaranya adalah :
1. Yen kali ilang kedunge
2. Yen pasar ilang kumandange
3. Yen wong wadon ilang wirange
4. Enggal-enggal topo lelono njajah deso milangkori ojo
bali sakdurunge patang sasi, enthuk wisik soko Hyang
Widi, maksudnya adalah : Apabila sungai sudah kering,
pasar hilang gaungnya, wanita hilang rasa malunya, maka
cepatlah berkelana dari desa ke desa jangan kembali
sebelum empat bulan untuk mendapatkan ilham (ilmu
hikmah) dari Allah SWT.
Para Walisongo berdakwah dengan mempunyai sifat-
sifat diantaranya :
1. Mempunyai sifat Mahabbah atau kasih sayang
2. Menghindari pujian karena segala pujian hanya milik
Allah SWT
3. Selalu risau dan sedih apabila melihat kemaksiatan
4. Semangat berkorban harta dan jiwa
5. Selau memperbaiki diri
6. Mencari ridho Allah SWT
7. Selalu istighfar setelah melakukan kebaikan
8. Sabar menjalani kesulitan
9. Memupukkan semua kejagaan hanya kepada Allah SWT
10. Tidak putus asa dalam menghadapi ketidak berhasilan
usaha
11. Istiqomah seperti unta
12. Tawadhu seperti bumi
13. Tegar seperti gunung
14. Pandangan luas dan tinggi menyeluruh seperti langit.
15. berputar terus seperti matahari sehingga memberi
kepada semua makhluk tanpa minta bayaran.
indah dan mengetarkan hati ini jika kita membaca dari
awal hingga akir kta-kata mutiara yang menjadi semboyan
para wali songo di atas mudah-mudahan bisa kita jadikan
sebuah tambahan ilmu yang baru bagi kita dan belajar dan
belajar agar memiliki sifat seperti beliau-beliau, para wali
songo .